Tampilkan postingan dengan label bahasa jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label bahasa jawa. Tampilkan semua postingan

✨ Tindak Tanduk Sing Migunani: Disiplin vs. Males ✨

Halo sedherek Sedulur SDN Karangsari sedaya!

Mugi-mugi panjenengan sami tansah pinaringan kasarasan lan kabagyan.



Wonten ing kalodhangan menika, kula badhe nambahaken wawasan babagan tindak tanduk ingkang saged mranani gesang kita. Menika babagan prabédanipun tindak tanduk disiplin lan males.

Tindak Tanduk Disiplin:

Tindak tanduk disiplin menika salah satunggaling kunci kesuksesan. Kanthi tindak tanduk disiplin, kita saged:

 * Mranani wektu kanthi sae: Kita saged ngatur wektu kanthi efektif supaya kabeh pakaryan saged rampung kanthi trep wektu.

 * Mranani rencana kanthi trep: Kita saged nggawe rencana lan nglakokake rencana kasebut kanthi konsisten.

 * Mranani tanggung jawab: Kita saged nglakokake tanggung jawab kanthi becik.

Manfaatipun:

 * Kita saged nggayuh cita-cita lan tujuwan gesang.

 * Kita saged dadi pribadi sing luwih apik lan luwih sukses.

 * Kita saged dadi panutan kanggo wong liya.

Tindak Tanduk Males:

Tindak tanduk males menika tindak tanduk sing mboten becik. Kanthi tindak tanduk males, kita saged:

 * Nyisa-nyisakake wektu: Kita saged mbuwang wektu kanthi sia-sia.

 * Nunda pakaryan: Kita saged nunda pakaryan sing sak kudune rampung.

 * Ora peduli karo tanggung jawab: Kita saged ora peduli karo tanggung jawab.

Manfaatipun:

 * Mboten wonten manfaatipun. Tindak tanduk males menika saged ngrusak gesang kita.

Kesimpulan:

Tindak tanduk disiplin lan males menika prabédanipun gesang. Kita sak kudune milih tindak tanduk disiplin supaya saged nggayuh kesuksesan lan kabagyan.

Tagar:

 * #Disiplin

 * #KunciKesuksesan

 * #GayaHidupSehat

 * #InspirasiHidup

 * #MotivasiDiri


Latihan maca aksara jawa 3

Ayo garapen 2, an interactive worksheet by ARSAKA
liveworksheets.com

Latihan maca aksara jawa 2

Bahasa jawa, an interactive worksheet by tricahyo22
liveworksheets.com

Aya sinau maca aksara jawa 1

Ayo garapen 1, an interactive worksheet by ARSAKA
liveworksheets.com

PAT Bhs Jawa Kelas IV SDN Petinggen

Maca Geguritan Ingkang Indah lan Kebak Rasa

Maca geguritan kudu nggatekna  wicara, wirama, wirasa lan wiraga supayaning  geguritan kuwi mau nak di rasa.  

  1. Wicara (cara ucap), tegese pocapane kudu cetha, mantep ora keno ragu - ragu, pocapan lafal (a, i, o, e, tha, ta, dha, da lan sak piturute) sing bener lan jelas
  2. Wirama (lagu lan intonasi), tegese banter alone pocapan lan munggah mudune intonasi kudu dilarasake karo isine sesorah.
  3. Wirasa (njiwai), tegese pedhotan tembung / ukara kudu cocog karo karepe (prentah, nesu, seneng, ngenyek, getun lan liyo liyane).
  4. Wiraga (ekspresi mimik), tegese polah obahing tangan, awak, polatan, rasa kudu luwes ora kaku ora ketok digawe - gawe.
Coba saiki wacanen geguritan iki ning ngomah  :

Jaman Iki Wis Banget Tuwa
Dening : Turiyo Ragil Putra

Ngger,anakku
jaman iki wis banget tuwa
kebudayaan wis rontang-ranting subasita
mung kari crita

aja maneh sinom,dhandhanggula,utawa gambuh
salirik geguritan wae wis ora ana sing nggape
kejaba kerlap-kerlipe lintang ing langit kana
sing setya ngrenggoni sepine wengi
binareng angambare cempaka sari

wis ora ana tembang kinanthi
sing mbiyen tansah methuk eseme rembulan
wis ora ana,ngger
kejaba swara tangis
saka pang-pang lan godhong melathi
sing dumadhakan ceblok
tanpa daya ngrungkebi bumi

jaman iki wis banget tuwa,anakku
aja mimpi kembang guritan ngrenggani tamanbocah angon galik-galik kehidupan

Iki ono video kanggo  sinau piye carane maca geguritan ingkang apik. Gatekno piye Wicara, wirama, wirasa, lan wiragane. Sakbanjure praktekno bola-bali. yen wes lancar,  ning ngomah  terus di praktekno ning ngarepi bapak, ibu lan ibumu.  Bapak lan ibumu di kon biji. 



Sumber video : https://www.youtube.com/watch?v=Rv5LhiUBjzk

Popular Posts

 
Support : Beranda |
| Copyright © 2017. Guru SD Jogja - All Rights Reserved
Template Modify Mr.Widi | mastemplate
Proudly powered by Blogger Team